Basa Jawa

Macem-macem layang (surat)

Image result for gambar surat


Layang iku salah sijine alat utawa piranti kanggo ngungkapake kekarepan ati kanthi cara ditulis. Nalika arep nulis layang bab bab wigati sing kudu digatekake yaiku :
  1. Panulisane jeneng kang dituju kudune genep. yen perlu katulis lengkap pangkat / Kalungguhane.
  2. Panulisane alamat/papan sing arep dikirim kudu cetha an jangkep. (Prayogane ditulis uga kode pose)

Wujude Layang :

Miturut wujude layang iku ana 6 yaiku :
  1. Layang kitir
  2. Layang Paturan
  3. Layang dhawuh
  4. layang lelayu
  5. Layang kiriman ganep/ iber iber
  6. layang ulem.

Penjelasane 

Layang Kitir

Layang kitir isine cekak/ringkes lan ditulis ing dluwang lan kudu ditengeri. Layang iki kaya dene memorandem (kanggo pangeling eling). Layang iki katulis ana ing dluwang bisa awujud embaran kertas cilik. Layang kitir iki ora merlokaku purwaka basa lan wasana basa, dadi mung isi wae. Isine kang wigati dadi mbutuhake wektu kang cepet dikirim lan ditampa. layang kitir iki bisa tanpa amplop (mbukak) utawa nganggo amplop (nutup). Tuladhane layang kitir yaiku : note, resep dokter, lan liyan liyane.

Layang Paturan

Yaiku layang kang isine aweh weruh utawa ngabari samubarang lan isine kudu dingerteni wong akeh.

Layang dhawuh

Layang kang isine dhawuhe dhuwuran marang andhahane (saka wong sing dhuwur pangkate marang ngisorane).

Layang Lelayu

Yaiku layang kang isine menehi kabar lesusahan utawa layange wong sing ngabari kepaten/ kasripahan.

Layang kiriman ganep / Iber iber

yaiku layang kang isine ganep orang mung mligi sawijine bab, naging jangkep (wiwit daka pembukaan,isi, panutup lan paprenah) isine uga nerangake werna werna ya bab kahanane,suka sukane, kesarasan, lan liyan liane.

Layang ulem

Yaiku layang kang isine undhangan pawongan kang lagi arep duwe gawe (mantu, sunathan, lan liya liyane).



Rangkuman :


Jenise LayangPengertiane :
KitirLayang sing digawe dene memorandem (kanggo pangeling eling).
Paturanlayang kang isine aweh weruh utawa ngabari samubarang
DhawuhLayangkang isine dhawuhe dhuwuran marang andhahane
lelayulayang kang isine menehi kabar lesusahan 
Iber iberlayang kang isine ganep orang mung mligi sawijine bab, naging jangkep
Ulemlayang kang isine undhangan pawongan kang lagi arep duwe gawe 



Sekian terimakasih artikel dari kami dengan judul "Macem Macem Layang (surat) - Bahasa Jawa" semoga artikel yang kami berikan ni bermanfaat
bagi anda dan semuanya.








~GemaynyaKimJongIn
Image result for matur nuwun

Komentar

Postingan populer dari blog ini

English Vibes

Art Vibes

Literasi online